Minggu, 25 Maret 2012

Carita Pengalaman


Ing Malang

Nalika kula kelas wolu, kula study tour dhateng Malang. Panggenan ingkang dipunpuruki nggih punika Jawa Timur Park II kaliyan Taman Safari Prigen

Wonten Jatim Park II kula kaliyan kanca-kanca remen sanget amargi kathah dolanan ingkang dereng nate kula kaliyan kanca-kanca sumerepi. Kaping sepindah kula nyobi Jet Coaster. Sawaunipun kula ajrih, nanging sak sampunipun nyobi raosipun ngremenaken. Lajeng kula numpak Kora-kora. Kora-kora punika bandulan ingkang wujudipun kapal bajak laut. Wonten Kora-kora punika raosipun mboten kantenan. Kula bengok-bengok gonthelan kanca kula. Kanca kula naming mendel amargi langkung ajrih tinimbang kula.

Bibar numpak Kora-kora kula mlebet Rumah Hantu. Ing mriku kawontananipun peteng ndedhet. Wonten suwanten ingkang nggegirisi githok mengkorog, ngantos kula mboten wantun mbikak mripat. Kula naming mlampah cepengan kanca kula. Nalika sampun badhe medal, cepenganipun icul. Kula banjur mlajar madosi kanca kula, nanging mboten kepanggih-kepanggih. Lajeng kula dawah amargi kula mboten mangertos menawi wonten undak-undakan. Kula langsung mlajar maleh malh nabrak pager wesi. Tangan kula mlicet. Wusananipum kula saged medal piyambak. Wahhh,…raosipun lega sanget.

Saklajengipun kula nyobi Star Space. Star Space punika pesawat ingang mlampahipun mubeng. Bibar niku pak guru nimbali supados murid-murid enggal memplak amargi wekdalipum sampun telas.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar