Minggu, 25 Maret 2012

Ringkesan Cerkak


Taksih Wonten Pangarep-Arep

            Larjo, lare kelas VI ingkang dados pemulung katon sedhih nalika nembe nyambut damel, amergi piyambakipun kemutan simbokipun ingkang nembe gerah. Larjo boten saget mbekta simbokipun dateng puskesmas amergi boten gadhah arta lan tabunganipun sampun dingge mbayar wragat ujian. Saksampunipun nyade asilipun mulung wonten nggene Pak Brata, Kang Salim maringi Larjo arta kagem nambakaken simbokipun.
            Enjinge, Larjo nderekaken simbokipun dhateng puskesmas. Amergi nderekaken simbokipun, Larjo telat mlebet sekolah. Larjo lajeng didangu Bu Aminah. Saksampunipun Larjo njlentrehaken alesanipun, Bu Aminah ndawuhi Larjo lenggah.
            Alon-alon Larjo mbikak tasipun, lajeng ngedalaken bundhelan kertas ingkang wingi dipunpanggihaken wonten ing TPA. Nalika Larjo ndudut malih, wonten buku tipis ingkang coveripun wonten tulisan Akta Hak Milik Tanah. Nalika ngaso, Larjo matur ngengingi panggihanipun dhumateng Bu Aminah. Lajeng bibar sekolah, Bu Aminah ngeteraken Larjo wonten ing kantor polisi saperlu matur ngengingi barang ingkang dipanggihaken Larjo.
            Sawijining sonten, Pak Solikin ingkang anggadahi buku Akta Hak Milik Tanah rawuh wonten ing griyanipun Larjo. Pak Solikin ngaturaken panuwun dhumateng Larjo ingkang sampun manggihaken buku Akta Hak Milik Tanahipun Pak Solikin. Lajeng Pak Solikin ngangkat Larjo kaliyan adhinipun dados putranipun minangka tandha panuwun.

Tema:
            Tumindak becik

Latar:
·         Papan              : sangandapipun wit kepuh, TPA, dalemipun Pak Broto,  griyanipun Larjo, sekolah, kantor polisi, wonten ing latar
·         Wektu             : siang, wanci jam gangsal sonten, enjing, wanci jam sanga kliwat, ngaso, bidhal sekolah, sawijining sonten
·         Suwasana        : sedhih, bungah

Alur:
§  Purwaka: Larjo, lare kelas VI dados pemulung katon sedhih nalika nembe nyambut damel
§  Wiwitan perkawis: simbokipun Larjo nembe gerah. Larjo boten saget mbekta simbokipun dateng puskesmas amergi boten gadhah arta lan tabunganipun sampun dingge mbayar wragat ujian
§  Klimaks: Larjo manggihaken buku Akta Hak Milik Tanah
§  Anti klimaks: simbokoipun Larjo sampun waras, lajeng sampun saget nyambut damel malih
§  Resolusi: Pak Solikin ingkang anggadahi buku Akta Hak Milik Tanah nngagkat Larjo kaliyan adhinipun dados putra

Paraga lan Wewatekan:
v  Larjo                : sregep, bekti kaliyan tiyang sepuh, anggadahi tekad ingkang inggil
v  Kang Salim     : loma, remen tetulung
v  Bu Aminah      : sae, wicaksana
v  Pak Solikin      : sae, remen tetulung

Amanat:
Ø  Sinten ingkang nemokaken barang kados dibalekaken dhumatang ingkang anggadahi
Ø  Tumindak becik angsal piwales ingkang becik ugi

Tidak ada komentar:

Posting Komentar