Minggu, 25 Maret 2012

Pacelathon


Pacelathon 1

Ibu      : “Lagi ngapa, nduk?”
Kula    :”Kula nembe nggarap tugas”
Ibu      :”Tugas apa?”
Kula    :”Tugas biologi”
Ibu      :”Gampang apa angel? Isoh nggarap ora?”
Kula    :”Saged, tugasipun naming gampil”
Ibu      :”Ibu gawe teh. Yen gelem jupuken dhewe!”
Kula    :”Loh,.. niki napa sanes sirup ta, bu?”
Ibu      :”Kuwi teh, nduk”
Kula    :”Wernanipun kok abang kados sirup? Rasanipun nggih kecut”
Ibu      :”Jenenge iku teh rosela”
Kula    :”Wah,.. kula nembe krungu wonten teh rosela. Ndameleipun saking napa,
bu?”
Ibu      :”Gawene saka kembang rosella sing wernane abang kae. Sakwise dipetik
isoh langsung  dicom. Yen arep didol biasane dipepe dhisik nganti garing”
Kula    :”Yen tumbas wonten pundi?”
Ibu      :”Ana ing apotik utawa ing swalayan”
Kula    :”Teh rosela niku wonten khasiatipun boten?”
Ibu      :”Ana. Khasiate akeh”
Kula    :”Khasiatipun punapa?"
Ibu      :”Rosella ngandut kalsium, vitamin C, D, B1, B2, Magnesium, Omega-3, beta-
caroten, lan 18 asam amino kang dibutuhkake awak. Teh rosella uga bisa
medhukake tekanan darah tinggi, kolesterol, asam urat, kadar gula
darah/diabetes lan marai daya tahan awak dadi apik”
Kula    :”Khasiatipun kathah sanget nggih”
Ibu      :”Mula sregepa ngombe teh rosella kareben awake penak!”
kula    :”Nggih,bu”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar